TUGAS BAHASA JAWA
(CERITA RAKYAT)
![]() |
Nama :
Wahyu Rahmadhani W (20)
SMA 1 KUDUS
Dumadine Kutha Wonogiri
Nalika jaman
kraton Demak, ana wong kang seneng tapa brata sing sekti mandraguna.
Asmane priyayi iku yaiku Ki Kesdik Wacana. Panjenengane urip ijen lan tapa ana
gua sacedhake gunung Sewu. Gunung mau dikupengi dening alas sing gung
liwang Liwung. Mula gawat gawat kaliwat-liwat. Ewasemono papan mau minangka
papan kang endah sesawangane, sarta subur loh jinawi apa kang tinandur mesthi
bakal dadi.
Ing
sawijining dina wektu ana raja sing lagi mbebedhak kewan alas kang didherekake
dening para senopati lan para prajurit. Yen bisa entuk kidang, bakal diolah lan
dipangan ing alas mau, saperangan digawa menyang kraton. Papan tilase sing
kanggo seneng-seneng banjur dijenengake desa Seneng. Nganti saprene papan mau
isih ana. Bab mau nganti kepireng dening raja ing Demak. Mula banjur didhawuhi
Raden Panji supaya sowan Ki Kesdik Wacana. Sang Raja ngersakake kidang-kidang
pilihan bakal dienggo klangenan.
Ki Kesdik
banjur minangkani panyuwune Sang Raja. Kanthi kasektene Ki Kesdik nglebokake
kidang-kidang mau ana sajrone bumbung petung banjur disumpeli. Bumbung mau
banjur diaturake Raden Panji kanthi pesen, “Raden Panji, bumbung iki isine
kidang-kidang sing dikersakake Sang Prabu. Daklebokake ana ing bumbung supaya
gampang digawa. Kajaba iku anggonmu tumeka kraton Demakisih adoh. Mula aja
pati-pati dibukak yen durung ana ngarepe Sang Prabu Demak”.
“Inggih sendika dhawuh Sang Resi, kula
badhe estokakeen sedaya dhawuhipun Sang Kesdik Wacana,” ature Raden Panji
tansah kebak urmat. Sajroning bali menyang Demak, penggalihe Sang Panji tansah
tuwuh kepengin mangerteni geneya among bumbung sing diparingake, apa bisa kidang
– kidang mau dilebokake ing jero bumbung. Ewasemono welinge Ki Kesdik tansah
gawang – gawang ngalela ing penggalihe.
Nalika
ngliwati alas jati gung liwang-liwung kang sepi banget, Raden Panji tuwuh
pepinginane mbukak bumbung. Nalika bumbung dibukak, dumadakan pating brubul ana
kidang wolung pasang utawa enem belas cacahe padha mlayu mlebu ing alas. Raden
Panji banjur eling lan enggal ngoyak kidang – kidang mau. Saking cepete anggone
mlayu, dumadakan kethune tiba nanging ora digatekake. Panjenengane tetep wurung
ora bisa nyekel kidang – kidang mau.
Raden Panji
banget gelane yen ngelingi tumindake kang sembrana mau. Atine ora jenjem kepara
lemes dumes awake, ora ngerti apa sing kudu ditindakake. Yen bali menyang
Demak, Sang Prabu mesti duka. Dene yen bali menyang papane Ki Kesdik ora wani
ngadhepi dukane Ki Kesdik. Ki Kesdik pirsa sakabehe lelakone Sang Panji, mula
enggal – enggal nusulSang Panji. Ing alas Ki Kesdik nemu kethune Sang Panji.
Mula papan mau banjur dijenengake “Wana Kethu”. Nganti saprene papan mau
diarani Wana Kethu.
Ora antara
suwe, Ki Kesdik Wacana nemoni Raden Panji. Kanthi gragapan lan kaget
Raden Panji sujud nyuwun pangapura lan pasrah. Senajan wis diapura,
nanging luput tetep dipatrapi paukuman. Wiwit iku Raden Panji disebdakake dadi Kidang
Wulung sing nunggu ing alas jati. Satemene kidang Wulung nangis nggelani
lelakon lan nyuwun dijabel kabeh ngendikane Ki Kesdik. Nanging wis ora bisa
maneh. Mula wiwit iku Kidang Wulung sing mimpin ing alas Kethu.
Ki Kesdik
banjur nerusake laku tekan ing gumuk kang endah. Ana ing papan mau banjur
dijenengake Gunung Giri. Ing papan iku uga, Sunan Giri banget nggumun marang
endahe sesawangan Gunung Giri l;an alas sakiwa tengene. Mula papan mau
dijenengake Wonogiri. Wana tegese alas, Giri tegese gunung. Nganti saiki papan
mau dadi Kutha Wonogiri.
Unsur
Intrinsik Asal-Usul Wonogiri
|
No
|
Unsur Intrinsik sajroning Cerita
“Asal-Usul Wonogiri
|
|
|
1.
|
Tema
|
Kacerobohan
|
|
2.
|
Alur
|
Maju
|
|
3.
|
Paraga lan
Watak Paraga
|
1. Ki Kesdik Wacana : Wicaksana, adil
Bukti:
v
Saged mendet keputusan ingkang tepat
v
Wani ngehukum Raden Panji nalika salah
2. Raden Panji : Ceroboh,Manut maring raja.
Bukti :
v “Raden Panji tuwuh pepinginane mbukak
bumbung.”
v Nalika Sang Raja ngersakake
kidang-kidang pilihan bakal dienggo klangenan, Raden Panji langsung mangkat
wonten Ki Kesdik.
3. Raja : Seneng Mbebedhak Kewan
Bukti :
v
Ing sawijining dina wektu ana raja sing lagi
mbebedhak kewan alas kang didherekake dening para senopati lan para prajurit.
Yen bisa entuk kidang, bakal diolah lan dipangan ing alas mau, saperangan
digawa menyang kraton.
|
|
4.
|
Latar
|
v Jaman Keraton Demak
Bukti : “Nalika jaman kraton Demak....”
v Sawijining dina
Bukti : “Ing sawijining dina wektu ana raja sing
lagi mbebedhak kewan alas....”
v Gunung Sewu
Bukti : “Panjenengane urip ijen lan tapa ana
gua sacedhake gunung Sewu.”
v Desa Seneng
Bukti : “Papan tilase sing kanggo seneng-seneng
banjur dijenengake desa Seneng.”
v Alas Jati Gung Liwang-Liwung
Bukti : “Nalika ngliwati alas jati gung liwang-liwung
kang sepi banget,..”
v Sepi
Bukti : “Panjenengane urip ijen lan tapa ana
gua sacedhake gunung Sewu.”
v Bingung
Bukti : “Atine ora jenjem kepara lemes dumes awake,
ora ngerti apa sing kudu ditindakake. Yen bali menyang Demak, Sang Prabu
mesti duka. Dene yen bali menyang papane Ki Kesdik ora wani ngadhepi dukane
Ki Kesdik.”
v Sedhih
Bukti : “Satemene kidang Wulung nangis nggelani
lelakon lan nyuwun dijabel kabeh ngendikane Ki Kesdik.”
|
|
5.
|
Amanat
|
v Ojo sembrono/ceroboh, kabeh
tindakan kudu dipikir disik lan kabeh tindakan kuwi ono risikone.
v Ngelakokake amanat/pesene uwong
iku kanthi rasa tanggungjawab.
|
|
|
||

Tidak ada komentar:
Posting Komentar