Sabtu, 12 November 2016

Asal Usul Kuburan Masin di Kudus

Kuburan Masin
Dewi Nawangsih yaiku salah sawijining anak sangking Sunan Muria.Dewi Nawangsih kepranan kaliyan putra bangsawan Mataram ingkang asma Raden Bagus Rinangku. Nanging, tresnanipun tiyang kalih niku mboten disarujuki dening Sunan Muria, amargi Dewi Nawangsih sampun didhaupaken kaliyan muridipun Sunan Muria ingkang asma Cebolek.
Dewi Nawangsih kaliyan Rinangku tambah dinten tambah raketlan Sunan Muria kudu nguwalaken tiyang kalih niku. Lajeng Sunan Muria ngutus Rinangku supaya numpas rampok ing sakiwa tengenipun Gunung Muria supados Rinangku tewas dening rampok kasebut. Nanging, Rinangku mboten tewas, Rinangku saged numpas perampok niku.
Sunan Muria lajeng maringi tugas ingkang luwih rumit yaiku Rinangku diutus njagi beras supados mboten dipun risak dening peksipeksi. Keadaan menika saged ngraketaken antaranipun Rinangku kaliyan Dewi Nawangsih. Ing sawijining dinten, nalikan Rinangku kaliyan Dewi Nawangsih nembe pacaran kepergok dening Cebolek. Lajeng, Cebolek matur kaliyan Sunan Muria lan beritanipun dening Cebolek diceritaaken ngantos luwih mboten kaya semestine.
Lajeng midhanget lapuranipun Cebolek, Sunan Muria langsung wonten Masin. Mirsani kadadean niki, Sunan Muria ngelepasaken panahipun dening Rinangku. Rinangku seda sanalika. Panah ingkang wonten ing nembus Rinangku uga nembus ing Nawangsih.
Kathah warga Masin lan tentara Mataram padha paring pakurmatan. Mangertosi kadadean niku, Sunan Muria ngendikan, bilih tiyangtiyang ingkang podo ngadheg jumeneng kados wit jati. Sanalika, tiyang tiyang wau dados wit jati sing ngubengi makam Raden Ayu Nawangsih lan Raden Bagus Rinangku.












UNSUR INTRINSIK CARITA
  1. Tema                                   : Pantangan kang dilanggar
  2. Alur                                      : Maju
  3. Latar tempat                     : Muria, Masin
Latar waktu                       : -
Latar suasana                    : sedih
  1. Tokoh & Perwatakan       :
Nawangsih                         : setia
Rinangku                            : setia
Sunan Muria                      : gampang percoyo, keras
Cebolek                                             : licik, ngapusinan

  1. Amanat                               : ojo gampang percoyo kaliyan wong liyo 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar